Tembang Dolanan Tradisional Jawa Saged
Dados Pitutur Kang Becik
A. Pambuka
Tembang dolanan kalebet budaya
tradisi lan salah setunggalipun warisan budaya ingkang adi luhung pantes
dipunuri-uri lan lestantunaken. Tembang dolanan anak inggih lagu ingkang lahir tanpa
bapa ibu, ugi namung awujud lisan utawi tradisi lisan mboten arupi tulisan, lan
kadospundi asal-usulipun lan larah-larahiupun mboten wonten ingkang mangertos.
Tembang dolanan dipun kenal awit namung gethok tular kemawon.
Miturut Wayan Dibia (2000: 47)
wosipun bilih tembang dolanan bagian tradisi lisan ingkang biasa dipun
tembangaken kanthi spontan ing plataran griya, lorong- lorong griyo
utawi ing lapangan. Gandheng wujudipun sastra lisan kathah tembang dolanan
ingkang ewah saking aslinipun, ingkang iwah syairpun awit dipun jumbuhaken
kawentenan utawi daerahipun, nanging lagu/iramanipun rata-rata tasih sami.
Wonten ing TV asring miring tembang dolanan mawi arasemen enggal, benten
kaliyan aslinipun. Miturut Dananjaya (20997) bilih penyebab ewahing tembung ing
tembang dolanan amargi ditum tularaken kanthi lisan, anggenipun mirengaken
mboten sami, lafalipun kirang cetha utawidipun larasaken kaliyan kawontenanipun
jaman. Tembang dolanan sampun turun-tumurun saking simbah-simbah
Ing jaman sakmenika lare balita
kathah ingkang boten mangertos syair utawi permainanipun tembang dolanan, lare
langkung remen nembang lagu-lagu cinta ingkang pantesipun kangge piyantun
dewasa. Kawontenan punika mrihatosaken kita sadaya, jalaran tembang dolanan
namung saget pinanggih ing padusunan. Isinipun tembang dolanan warni-warni,
wonten ingkang arupi pitutur luhur, bab sato kewan, kejujuran, kebersamaan,
tanggungjawab. Pramila perlu kawigatosan ingkang mirunggan, khususipun
tiyang sepuh, awit lare balita wedalipun langkung kathah kaliyan tiyang
sepuhipun tinimbang masyarakat utawi sekolahan. Sakselanipun wedal sesarengan
kaliyan para putra mboten wonten salahipun menawi lare dipun kenalaken kaliyan
budaya Jawi, kadasta tembang dolanan. Wiwit nalika lare sampun saget nirokaken,
prayoginipun tembang dolanan dipun kenalaken dhumateng lare, kados tembang
gundhul-gundhul pacul. Sanadyan tembang dolanan syairipun prasaja namung
isinipun ngemot pitutur luhur tumrapipun lare balita, Dene nalika ngajari,
tiyang sepuh mboten namung mrentahaken lare niru kewala nanging sageta dipun
terangaken maknanipun kajumbuhaken kalian umur lan pengalamanipun.
Tumrapipun lare balita ingkang
sampun sinau ing pawiyatan formal, kados TK, Playgroup, TPA, tembang dolanan
saged paring kontribusi ing bab pembentukan perkembangan kecerdasan
lare, awit lare saget dipunajak apresiasi isining tembang, wujud pentas ing
sakngajengipun kancanipun, mboten namung ngapalaken syair lan lagunipun kemawon
supados saget narik kawigatosanipun lare. Ing mriki tuwuh raos tanggungjawab
saget pentas kanthi leres lan sae, menawi ujudipun kelompok saget nuwuhaken
raos kompak kaliyan kanca.
Punapa malih wonten wigatosan
saking pamarentah arupi lomba utawi show tembang dolanan ingkang pesertanipun
saking kelompok bermain, PAUD, TK lan sakjenispun. Tujuanipun kangge
nglestantunaken warisan leluhur ingkang adi luhung lan tasih trep menawi kangge
tulada ing jaman modern menika.
B. ISI
1.
Tembang Dolanan
Tembang
dolanan ingkang kula kajengaken wonten ing seratan menika lelagoning tembang
(ukara ingkang dipun tembangaken dening manungsa) ingkang susunan tembungipun
bebas mboten terikat deneng aturan kados dong ding /guru lagu, guru
wilangan, jumlah barisipun. Tembang dolanan lare-lare Jawa saget minangka
kangge pitutur luhur trumapipun lare jumbuh kalian umur lan sekolahipun
Tembang dolanan inggih
punika tembang ingkang dipun tembangaken dening lare saget mawi iringan gamelan
utawi alat music , saget mawi gerakan utawi tari lan wonten ugi tanpa gamelan
lan gerakan utawi tari, dene syairipun dipunjumbuhaken kaliyan alam pikiranipun
lare lan khayalanipun lare (Supanto dkk, 1981/1982:27).
Tembang dolanan umumipun
dipun ekspresikan kanthi sikap seneng (gembira), ceria, periang. Sak
liyanipun pitutur, tembang dolanan mujudaken olah seni ingkang sae, trep
kaliyan perkembangan jiwanipun lare. Supados lare balita gampil nyinau lan
enget kaliyan syairipun, boten bosennaken, nalika ngajari lare boten perlu
dipunjlentrehaken isinipun kanthi detail, cekap ingkang prasaja kados
wonten ing syairipun, sandyan wonten ingkang mboten gathuk antawis
tembung-tembung wonten ing tembang dolanan. Benten menawi tembang dolanan
kangge lare SD kelas tiga minggah kedah dipunterangaken kanthi rinci suraosipun
tembang dolanan supados lare mangertos isinipun lan saget kangge tulada ajaran
ingkang sae utawi becik. Menawi namung saktleraman tembang dolanan namung arupi
baris-baris tembung ingkang mboten wonten maknanipun, nanging menawi
dipungatosaken saestu, ngemot: masalah kehidupan ingkang komplek kadosta:
pitutur, agama, masalah lingkungan , budi pekerti, sopan santun. ingkang arupi
sindiran utawi panglulu. Sajatosipun tembang dolanan punika sastra seni ingkang
piawi kangge ulah bunyi asonansi, aliterasi, rima, pepindhan, parikan inkang
nengsemaken manah saengga tembang dolanan minangka ajang kreativitas seni lan
alam pikiran manungsa..
2.
Pawiyatan Lare Balita (PAUD)
Pawiyatan menika proses
ingkang dipun betahaken kangge ngimbangi lan nyekapi kabetahanpun manungsa.
Tujuan pawiyatan samangke sampun sae lancetha inggih menikan minteraken bangsa.
Namung mutunipun pawiyatan gumantung: (1) kurikulumipun lan pelaksanaanipun,
(2) motivasi dhumateng lare (peserta dhidhik), awit mboten namung minteraken
lan trampil ing bab ilmu nanging ugih raos tresna lan hadarbeni dhumateng
ilmunipun, mboten namung ijasah ingkang dipun predi nanging ugi bab penguasaan
ilmu linambaran rasa tresna saengga cak-cakanipun saget murakabi (berguna), (3)
pengenalan metode kreatif, (4) menejemen sekolah lan (5) dukungan ugi kesadaran
masyarakat dhumateng pawiyatan kangge para putra kanthi maksimal. Lare
mbetahaken lingkungan ingkang kondusif kangge perkembangan fisik lan
psikisipun.
Pawiyatan ing seratan menika
namung mligi pawiyatan anak usia dini (PAUD) utawi balita. PAUD saget katempuh
wonten pawiyatan formal kados: TK, TPA, Kelompok Bermaian minangka persiapan
mlebet pawiyatan dasar. PAUD ugi saget dipun adani ing keluarga lan masyarakat.
Lare umur 2-5 tahun sampun ketingal pinteripun,akal positifipun, mletik
gagasanipun, tuwuh emosinipun, tingkah lakunpun jumbuh kalihan tambahing umur.
Pramila lare balita mbetahaken kawigatosan ingkang mirunggan mliginipun bab
perkembangan fisik lan psikisipun lare.
PAUD wadah utawi upaya
pembinaan lare wiwit lahir ngatos umur 5 tahun ingkang dipun siapaken kanthi
sae, dipun gatosaken gizinipun, kesehatanipun, dipun pantau perkembangan jiwa
lan psikisipun. Guru ing pawiyatan PAUD sayektos dipunuji sadayanipun,
kadospundi lare clingus, jirihan dados kendel pinter tanggung jawab ora nakal.
Menika ugi kalebet salah satunggalipun tugas Guru. Bab menika ingkang jalari
kathah tiyang sepuh nglebetaken putranipun balita wonten ing PAUD, playgroup
atau TK. Tiyang sepuh gadhah raos was sumelang mboten saget mengembangkan
kemampuan lare kanthi maksimal.
Peran tiyang sepuh
tumrapipun pawiyatan balita penting sanget, awit penapa ingkang dipun sawang,
mirengaken, raosaken kanthi ginakaken pancaindra anak langsung kesimpen ing
otakipun. Pramila sikap, ucap lan patrap tiyang sepuh utawi tiyang ing
lingkunganipun dipun pelajari lan dipun tiru. Tiyang sepuh minangka guru
pertama kanggene lare balita. Tiyang sepuh dados pewarna hatinipun lare ingkang
putih bersih, Pakulinan ingkang sae tiyang sepuhipun lan lare dipun
arahaken tumindak sae hasilipun ugi sae. Namung kathah tiyang sepuh mboten
gadah program utawi kurikulum ingkang gumathok tundhonipun lare bebas wonten
ngajeng TV nyimak acara-acara TV tanpa pendampingan tiyang sepuhipun, hasilipun
punapa kemawon tayang ing TV lare apal awit asring jinglengi TV, kadasta lagu
Cinta satu malam, salah alamat, tinimbang tembang ilir-ilir, cublak-cublak
suweng. Malah kathah tembang dolanan isinipun langkung sae tinimbang lagu pop
ing wedal menika. Lare nalika dipunajari tembang dolanan asring taken tembung
ing tembang nanging rikala nyimak lagu pop lare gampil apalipun. Sampun
wancinipun dene tiyang sepuh ngenalaken budaya Jawi ingkang adiluhung kados
tembang dolanan, dongeng, unggah ungguh basa. Ngajari tembang dolanan dhumateng
lare balita kedah cetha lan mboten paksaan. Menawi kedah dipun peragakaken mawi
tarian utawi gerakan tangan, tiyang sepuh kedah saget ngira-ngira dipun
jumbuhaken kaliyan umuripun, lan dipunterangaken sacekapipun.
3.
Guna lan Paedahipun Tembang
Dolanan minangka Saran Pendidikan Lare Balita
Rikala alitan kula tembang
dolanan asring dipun tembangaken kalian kanca sakbarakan ing wayah sonten utawi
bakda Magrib menawi wanci padhang bulan. Tembang dolanan ing jaman samanten
menika kangge hiburan, awit TV tasih awis-awis ingkang gadhah, benten kaliyan
jaman samenika, lare remen piyambakan dolanan playstation. Malah ing TK ngantos
SMP tembang dolanan dipunajaraken dening bapak ibu guru, ing wanci ngaso
sebagian lare sami dolanan lan nembang jamuran, tembang donanan menika lucu lan
mendidik, ing tembang dololanan utawi lelagon jamuran dipun tidakaken lare 5
-6, sadereng kawiwitan wonten aturanipun pramila pemain lan ingkang dadi kedah
manut aturan, lajeng dipun wiwiti hompimpah, ingkang dados wonten ing tengah
lingkaran. Tembang jamuran ngemot suraos kerukunan, kejujuran, patuh aturan
ingkang dipun tetepaken sesarengan.
Paedah lan pigunanipun
tembang dolanan (fungsi tembang dolanan) kangge lare balita benten kalihan
kangge lare umur 6 tahun minggah. Ing seratan menika kula namung ngrembang
fungsinipun tembang dolanana kangge lare balita.
Tembang dolanan ingkang
mawi permainan utawi namung nembang kewala, manfaatipun kangge ngajari (ndhidhik)
olah raos pribadi kaliyan tiyang sanes (setia kawan), disiplin, tertib,
waspada, kreatif, kritis, keteraturan. Intinipun tembang dolanan minangka
sarana pendidikan; dados media pitutur (pesan moral) tiyang sepuh dhumateng
para putra, saget ngremenake lare balita awit raos bingah saget ningkataken
akal budinipunn (jiwa anak), sanajan namun niru, lare dipun paringi kebebasan
kangge berkreasi jumbuh kaliyan perkembangan jiwanipun, awit
lare gampil nampi bab enggal pramila tembang dolanan ingkang dipun ajaraken
ingkang ngandhut pitutur luhur, sampun ngantos dipun ukum (dadi) kewala nadyan
kedah dadi, perlu dipun menangaken awit raos menang dados kebanggaan seben lare
(merangsang emosi positif) jalaran saget nindakaken tanggungjawabipun.
Salajengipun badhe kaandaraken guna lan paedahipun tembang dolanan kangge
Balita.
a.
Kangge seneng-seneng (hiburan)
Tembang
dolan utawi nyanyian rakyat minangka sarana rekreasi, hiburan, lan
seneng-seneng. Miturut Dananjaya(1997: 152:153):
Lagu
dolanan sebagai nyanyian rakyat berfungsi rekreasi, yaitu untuk melepaskan diri
dari kebosanan hidup sehari-hari atau hiburan diri dari kesukaran hidup,
sehingga dapat pula menjadi pelipur lara atau untuk melepaskan diri dari
ketegangan perasaan sehingga memperoleh kedamaian jiwa.
Adhedhasar pamanggih menika, intinipun tembang dolanan saget kangge
nglipur ati ingkang nembe suntuk, kangge ngenggar-enggar manah, hiburan diri
pribadi utawi seneng-seneng saengga pikantuk katenangan batin. Menggahing lare
Balita tembang dolanan minangka hiburan utawi seneng-seneng sesarengan tiyang
sanes (saget tiyang sepuhipun, sedherekipun utawi kancanipun), malah nalika
lare nangis tembang dolanan saget dadosaken lare mendel. Kadasta tembang
Jaranan, Menthok-menthok. Nalika ngajari nembang ginaaken paraga utawi jogetan,
lare balita badhe nggatosaken kanthi permati lan niru saksagetipun, malah saget
lakak-lakak awit lucu lan ngremenaken. Tembang jaranan mawi jaranan saking
debok utawi kayu sakwontenipun malah kadangkala mawi guling alit. Cakepanipun
makaten:
Jaranan-jaranan… jarane jaran teji
Sing numpak ndara bei
Sing ngiring para mantri
Jeg jeg nong .. jeg jeg gung
Prok prok turut lurung
Gedebug krincing gedebuk krincing
Prok-prok gedebug jedher
Nalika
ngajari mawi permainan (joget kados jogetan jaran kepang), lare dherek joget
nirokaken, lan sasaged lare badhe berusaha persis kaliyan gerakan lan
lagu ingkang ngajari. Pas prok-prok gedebug jedher, jaran (alat peraga) dipun
lepasaken lare tentu lakak-lakak awit jaranipun dhawah utawi nabrak.
Cakepan
tembang menthok-menthok:
Menthok,
menthok, tak kandani
Mung
lakumu, angisin-isini
Mbok
yo ojo ngetok, ono kandhang wae
Enak-enak
ngorok, ora nyambut gawe
Menthok,
menthok … mung lakumu
Megal-megol
gawe guyu.
Tembang menthok-menthok kalebet tembang lan permainan. Ingkang umum
dipun peragakaken langkung saking setunggal. Nalika kita ngajari lare balita,
langkung prayogi mawi tarian niru menthok, badan dipun bungkukaken sekedhik,
tangan setunggal ing pinggul kados buntut lan setunggal ing ngajeng dados
cucuk. Lajeng lampahipun megal-megol. Rikala nembang gerakan tangan dipun
jumbuhaken kaliyan syairipun supados lare pikantuk gambaran solah bawanipun
menthok. Sasampunipun kita jarwani maksudipun, ingkang positif saget kangge
tulodho dene ingkang kirang prayogi utawi awon dipun bucal. Kanthi makaten
kajawi lare dados remen ugi ningkataken olah rasanipun (menumbuhkan kreativitas
berfikir).
1)
Ajaran moral
Tembang
siji
loro telu...
astane sedeku.....
mirengake pak guru,
menawi di dangu....
papat, nuli limo....
lenggahing sing toto....
ojo podo sembrono,
mundak ora biso
astane sedeku.....
mirengake pak guru,
menawi di dangu....
papat, nuli limo....
lenggahing sing toto....
ojo podo sembrono,
mundak ora biso
Rikala tembang menika dipun tembangaken lare TK,
syair lan sikapipun lare sampun jumbuh. Tegesipun sasampunipun lare rampun
anggenipun nembang patrapipun sami anteng, tangan sedheku wonten meja sami
migatosaken bu guru mucal lan menawi dipun dangu lare ngacung, sanadyan kadang
kala jawabnipun lepat. Miturut Bu Endang guru TK Nusa Indah gegayutan bab basa
lan budaya Jawa dipunajaraken saben dinten Sabtu. Dene tembang ingkang dipun
ajaraken ingkang ngemot pitutur luhur, maksudipun nalika nembang tembang dolanan
lare nirokaken bu guru lan dipun wongsal-wangsuli sak-sampunipun rampung guru
nerangaken tegesipun, ingkang sae saget kangge tulada, dene ingkang boten sae
dipun bucal, kadas dene tembang siji loro telu. Lare dipun terangaken
tegesipun. Wonten ing tembang siji loro telu ngemot ajaran moral ingkang adi
luhung, lare mboten umyeg piyambang utawi bengok-bengok. Sanesipun tembang
menika ugi ngajari bab masalah angka lan urut-urutanipun, lare patuh mboten
wonten ingkang nyobi ngewahi urutanipun.
Semanten ugi tembang menthok-menthok, ngemot
pitutur inggih punika panglulu. Kadospundi lare balita mboten nampi napa
wontenipun, mboten keset utawi tilem kewala, malah kumalungkung (lakune
megal-megol) sajak ngece. Pramila peran guru nalika ngajari tembang dolanan langkung
prayogi dipun kantheni surasanipun tembang,lan dipun terangkan ajaran ingkan
sae pantes dipun tindakaken .
2)
Kawruh
ngenalaken lingkungan flora lan fauna.
Tembang dhondhong apa salak, kodhok ngorek, kidang
talun, aku duwe pitik cilik, gajah belang, kupu kuwi,
kalebet tembang ingkang woten gayutipun kaliyan lingkungan flora lan fauna.
Sanajan surasaning tembang benten-benten, namung saking judulipun lare saget
mangertos lingkungan hidup ingkang asring dipun panggihi lan saget bedakaken
setunggal lan setunggalipun. Wonten pawiyatan formal, peran guru
wigati sanget awit boten namung ngajari lan dhawuh nirokaken lare ugi kedah
nerangaken tegesipun tembang lan saget nuwuhaken raos remen dhumateng lare.
Kanthi makaten lare saget bebas berkreasi.
Wonten ing sekolah radi gampil nerangaken tegesipun
tembang awit sampun wonten alat peraganipun. Menawi ing keluarga, tiyang sepung
utawi sedherek sepuh menawi ngajari prayogi cetha menawi perlu mawi gambar,
tembang ingkang dipun ajaraken inggih tembang ingkang saget kangge tulodho,
awit lare badhe nirokaken punapa ingkang sampun dipun mirengaken. Ugi kedah
siap menawi wonten pitakenan lare, punapa malih menawi ngajari nembang lare
ingkang dereng sekolah.
3)
Nuwuhaken
Raos kerukunan lan jujur
Tembang dolanan ingkang ngemot raos kerukunan
utawi kebersamaan wonten ing tembang jamuran. Jamuran saking tembung
jamur wujudipun bunder ingkang gambaraken tekat bersatu, awit rikala
nembangaken tembang jamuran bentukipun lingkaran, mubeng lan sami gandengan.
Nilai rukunipun lare boten badhe ngeculaken gandenganipun rikala nembang.
Sasampunipun rampung nindakaken kewajibanipun kados ing jawaban pitakenan,
upami dipun jawab jamur parut, pramila ingkang dadi padhe ngithik-ithik
dlamakanipun para paraga ingkang dipun angkat ngantos paraga guyu, awit
salaminipundipun ithik-ithik kedah nahan guyu/ mendel. Dene cakepanipun tembang
jamuran makaten:
Jamuran…ya
ge ge thok...
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?
Semanten ugi ing tembang cublak-cublak suweng, para
paraga anggenipun jagi kerukunan saestu saget dipun pitados, awet sasampunipun
rampung nembang ingkang dadi lajeng nebak sinten ingkang mbeta krikil kanthi
nyawang paraga setunggal baka setunggal, menawi wonten ingkang nyala wadi
lajeng dipun tebak beta krikil, dene para paraga sami mendel sanajan mangertos
sinten ingkang beta krikil. Ing mriki sampun tuwuh kejujuran awit boten ingkang
tumindak curang kanthi nudhuhaken sinten ingkang beta. Ugi nilai kerukunan
katanemaken. Kanggenipun lare balita saderengipun wiwit dipun terangaken menawi
ingkang beta krikil boten angsal dipun tedahaken. Lan lare gadhahi sifat patuh
lan jujur badhe tunduk kaliyan aturan ingkang sampun dipun weling. Dene
cakepanipun tembang cublak-cublak suweng:
CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong
Sanesipun piwulang kerukunan, wonten ing tembang cublak-cublak suweng ngemot nilai kejujuran. Rikala kita ngajari dipun terangaken mboten pikantuk ngandhani sinten ingkang beta krikil. Menawi ngandhani, dados piyambak, awit sampun dumindak curang. Kanggenipun lare umur balita anjuran punika dipun patuhi.
4)
Nuwuhaken
emosi lan berpikir kreatif
Ngajari tembang dolanan tumrap lare balita sami kaliyan
nglatih berkreasi lan nuwuhaken emosi positif. Ujudipun sak sela-selanipun
nembang lare badi pitaken jumbuh kaliyan umur lan pengalamanipun. Kadas rikala
ngajari tembang Aku duwe pitik cilik, ingkang wetahipun makaten:
Aku duwe pitik cilik
Wulune brintik
Cucuk kuning cengger abang
tarung mesthi menang
Sapa wani karo aku mungsuh pitiku
Salebetipun ngajari tembang punika, lare pitaken
“pitik kok wulune brintik, aneh bude kuwi?’ pitaken punika wajar awit lare
ingkang dipun ajari rambutipun brintik, lan lare gadhah pitik namung wulunipun
mboten brintik. Rumaos dereng nate mangertos pramila dipun anggep aneh menawi
wonten pitik kok brintik. Ing mriki sampun ketawis bilih lare punika kreatif
lan tuwuh emosi keingintahuannya bab ingkang dereng dipun mangertosi
utawi benten saking wawasanipun lare.
Semanten ugi tembang Tembang dolanan
Sluku-sluku Bathok
Rikala
lare-lare kula ajari nembang sluku-sluku bathok wonten pitakenan makaten:
Lare
1: sikile napa gatel, kok diusuk-usuk ?
Lare 2
: Si Rama omahe Sala ta Budhe ?
Lare 3
: Oleh-olehe kok payung ta ?
Lare 1
: Sinten sing mati ?
Lare 1
: golek dhuwit nggo jajan ?
Kanthi
pitakekan ingkang boten kinira makaten, ribet anggen kula badhe jawab jalaran
ingkang pitaken kala wau lare umur kirang langkung 3 tahun. Pramila kula jawab
kanthi negesi saben tembung kula jumbuhaken kaliyan kawontenan. Gandheng
wedal nembang sesarengan dereng sami adus pramila kula terangaken menawi suku
punika kedah dipun gosok-gosok supados resek, punapa malih mangke pas adus
kedah dipun kosoki. Pitaken lare 2; kula terangaken menawi Si Rama kesah
dhateng Solo. Solo ingkang wonten reca Gladakipun, ingkang woten kratonipun.
Lajeng oleh-olehipun payung supados boten kepanasen utawi kodanan. Pas
pitakenan Sinten sing mati, kula jawab tiyang, lajeng taken
malih tiyang sapa, lajeng kula jawab tiyang sepuh sanget (jawaban
menika njih namun sak kecekele supados mboten dipun oyak pitaken malih). Lajeng
pitaken pungkasan kula jawab tiyang sehat kados kula kedah pados arta, boten
pareng keset, pikatuk arto kangge tumbas susu, klambi, sepatu, buku, bayar
sekolah, ditabung lan sak panunggalanipun, dados boten kangge jajan kemawon.
Kanthi jawaban makaten lare dados mangertos masalah reresik awak /kebersihan,
kutha Sala, ginanipun payung, lan pikatuk arto mboten namung kangge jajan
kemawon, saget kangge nyekapi sanesipun lan ugi ngenalaken masalah nabung.
Kanthi
ngajari nembang dolanan saget nggugah gagasan lare-lare ingkang gambaraken
umuripun, paling mboten saget macing berpikir kreatif, raos pingin
mangertos babagan ingkang nembe dipun mirengaken. Menawi bab tembang dolanan
kangge lare umur 5 tahun minggah tentunipun anggenipun nerangaken menawi woten
pitakenan tentunipun benten sami kalihan lare balita. Tambah umur lan pasinaun
anggenipun nerangaken dipun selarasaken kalian umur lan sekolahipun.
5)
Nuwuhaken
sifat kendel
Tembang dolanan saget nuwuhaken sifat kendel
tumrapipun lare balita. Awit lare balita umumipun clingus, menawi dipun dangu
mendel kewala, nanging nenawi ing keluarga sampun asring dipun ajari nembang
(tembang dolanan), dongeng, lare dados kendel. Ing wiwitan lare namung nyimak syairipun,
nyawang caranipun nembangaken, lajeng niru nadyan kadang kala lepat. Nalika
lare lepat syairipun utawi kirang pener caranipun, kita prayogi ngelengaken.
Cara punika saget nuwuhaken sifat kendel. Dangu- dangu lare badhe nembang
piyambak malah kadang kala ajak-ajak kancanipun utawi tiyang sepuhipun. Dene
menawi lare sampun sekolah TK, rikala dipun dhawuhi gurunipun lare badhe maju
lan nindakaken dhawuhipun guru. Tulada tembang ingkang saget nuwuhaken sifat
kendel:
Gundul Pacul
Gundul gundul pacul cul tempelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gentelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Gundul gundul pacul cul tempelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gentelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
.
Ing tembang menika langkung prayogi menawi rikala ngajari mawi peragaan utawi gerakan tangan ingkang ngambaraken tembang punika, kadosta tangan kalih nyepengi sirah, kanthi glelang-gleleng sajak kemaki. Lare badhe nyimak lan nyawang, sasampunipun rumaos saget badhe nirukaken.
Ing tembang menika langkung prayogi menawi rikala ngajari mawi peragaan utawi gerakan tangan ingkang ngambaraken tembang punika, kadosta tangan kalih nyepengi sirah, kanthi glelang-gleleng sajak kemaki. Lare badhe nyimak lan nyawang, sasampunipun rumaos saget badhe nirukaken.
Semanten ugi ing temabang Kidang Talun, kanthi
nangkupaken tangan tengen ing tlapakipun tangan kiwa , jempolan kekalihpun
dipun tegakaken minangka kupingipun kidang , driji tangan tengen dipun
gerakaken minggah medhun kados kidang nembe ngemil utawi gayemi. Nalika
nembangaken kanthi gerakan tangan tuwuh ayang-ayang kadas kidang. Ing mriki
lare berusaha supados tanganipun saget kados kidang sami kaliyan contonipun.
Lare nyobi lan nyobi ngantos saget, nalika saget tuwuh raos mongkok lan kendelipun,
lajeng nyobi ngantos medal bayanganipun.
KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung
6)
Nuwuhaken
raos asih
Tumrapipun tiyang sepuh ingkang kathah padamelan
ing kantor utawi usahanipun maju, wedal kangge para putra kirang nyekapi.
Pendidikan lan ngopeni lare dipun pasarahaken beby sisteripun utawi
pembantunipun. Namung kala-kala sok dulang lare. Benten tumrapipun ibu rumah
tangga ingkang mboten sibuk ing jawi griya, kathah wedal saget sesarengan
kaliyan para putra. Hubungan tiyang sepuh lan lare saget katindakaken
sawanci-wanci, bentuk lan caranipun maneka warna gumantung tiyang sepuh lan
larenipun. Makaten ugi bab tembang dolanan, saget nuwuhaken remaketing raos
asih, nalika tiyang sepuh piawi anggenipun ngajari, jalari lare pingin mangsuli
lan ajar nembang malih. Malah tembang dolanan saget ngalihaken perhatian anak
nalika anak rewel nyuwun sesuatu, nalikanipun lare sampun wancinipun tilem
nanging mboten tilem-tilem, tembang dolanan ingkang dipun tembangaken tiyang
sepuh saget nilemaken lare, kados tembang ilir-ilir, tak lela lela ledung.
Kanthi cara makaten lare rumaos langkung dipun gatosaken.
Adedhasar
andaran ing ngajeng nilai piwulang ing tembang dolanan karingkes dados tiga
inggih menika:
a)
Nilai afektif.
Tembang dolanan sifatipun seneng-sengeng mliginipun kangge
lare balita lan dipun tidakaken kelompok, mawi permainan utawi tarian, ngajari
lare bersosialisasi kalian tiyang sanes, ugi nuwuhaken jiwa seni, sanajan blero
lare budidaya saget nembangaken miturut cengkokipun piyambak, ing mriki lare
sampun mangertos bab nada, nuwuhaken kejujuran, kekompakan,
kebersamaan ( tembang jamuran lan cublak-cublak suweng) , patuh dhumateng
aturan igkang sampun dipun ajaraken dening tiyang sepuh, guru utawi sedherek
sepuh ingkang ngajari tembang dolanan kados ing tembang cublak-cublak suweng
ingakang kawiwitan hompimpah kangge nentokaken sinten ingkang dadi, lajeng
ingkang dadi mengkurep ing pangkonipun tiyang sepuh utawi salah satunggalipun
paraga, para paraga nglumahaken tlapakipun ing gegeripun ingkang dadi lajeng
krikil dipun puter, kadang kala krikil mboten dipun pindah ngantos tembang
rampung, sasampunipun rampung ingkang dadi lajeng nebak sinten ingkang beta
krikil kalawau. Ing mriki tuwuh kejujuran, kekompakan, kebersamaan
awit mboten wonten ingkang curang kanthi nedahaken sinten ingkang beta
krikilipun.
b)
Nilai kognitif
Nilai kognitif ing tembang dolanan wiwit nalika lare-lere
dipun ajari nembang ngantos saget nirokaken. Tegesipun lare balita nyawang,
ngrukokake syairipun, nirokaken caranipun nembangaken, lan ngemut-emut
akhiripun dados ngertos lan hafal syairipun lan gerakanipun, malah saget
nindakaken. menika kawastanan proses belajar, lan dipun tindakaken
kanthi raos remen (seneng). Tuwuh raos ingin tahu, lare badhe
ngeling-eling tembang ingkang dipun ajaraken lan nuwuhaken daya ingat,
lare bade mikir lan saget mrentah kancanipun supados nindakaken punapa ingkang
dipun prentah. Mliginipun lare ingkang dadi damel stategi utawi cara supados
mboten dadi malih, kanthi teliti lan ngati-ati nyimak ingkang dipun tidakaken
dene paraga, sak sampunipun rumaos yakin lare ingkang dadi bade nebak lan
tumindak supados salah setunggaling paraga saget kagodha.
Rikala lare balita dipun ajari nembang, bab-bab ingkang
dereng nate dipun mirengaken, tuwuh rasa ingin tahu, akhiripun wonten
pitakenan kadosta: apa katene nakal kok dipanah, yen mati piye. (
Kate-kate dipanah), awit ing tembang menika mboten wonten katrangan
salajengipun bab kate.
c)
Nilai Motorik,
gegayutan kalian kekuatan fisik, khususipun rikala nembangaken tembang
dolanan ingkang mawi gerakan utawi tarian. Nilai kekuatan motorik ing tangan
lan suku. Kangge lare balita inggih menika saking usahanipun anggenipun
nindakaken aturan, kadosta rikalan nembang jamuran kanthi kelompok, salaminipun
nembang tansah gegandhengan nglatih kekuatan otot tangan kangge nahan
gandhengan supados mboten pedhot jalaran ulahipun ingkang dadi, dene otok suku
kangge mlajar ngimbangi playunipun ingkang dadi.
C.
Panutup
1.
Tembang
dolanan tasih relevan ing jaman modern kados sakmenika, awit isinipun ngemot
pitutur luhur Jawi, kangge seneng-seneng (hiburan), ngemot ajaran moral, kawruh
ngenalaken lingkungan flora lan fauna. nuwuhaken raos kerukunan lan jujur,
nuwuhaken emosi lan berfikir kreatif, nuwuhaken sifat kendel, lan nuwuhaken
raos asih .
2.
Tembang
dolanan mujudaken perkenalan budaya jawi, kados oleh seni, nada dhumateng lare
balita.
3.
Tiyang sepuh
utawi lingkungan langkung prayogi ngajari tembang dolanan ingkang tembungipun
prasaja, bebas tanpa aturan ingkang gumathok, lan nerangaken maknanipun ingkang
dipunjumbuhaken kaliyan umur lan perkembangan jiwanipun
Buku Wacan
Akhmad MuhaimiAzzet, 2011. Urgensi Pendidikan
Karakter di Indonesia.Jogjakarta: Ar-Ruzz Media.
Dwijawijata. 2006 .Tembang Dolanan (titilaras:
Solomisasi), Edisi revisi. Semarang. Penerbit Kanisius
James Dananjaja. 1997. Foklor Indonesia.
Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.
Supanto, dkk (tim). 1981/1982. Sejarah dan
Budaya (Seri: Folklore). Balai Penelitian Sejarah dan Budaya Yogyakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar